B. Daerah

Pertanyaan

Contoh cerita pendek mengunakan bahasa jawa ?

1 Jawaban

  • ini aku ambilkan dari google semoga membantu
    Retno Dumilah Trima Pasrah
    Kapinuju parepatan agung ing Kraton Mataram, Panembahan Senopati Ing Ngaloga Panetep Panatagama, ngendikan babagan Adipati Madiun ingkang sampun sawetawis dangu mboten kersa sowan dhateng Kraton Mataram asok glondhong pengareng-areng. Glondhong pengareng-areng inggih punika bulu bhekti.
    Patih Wonosalam ngaturake sembah, Panembahan Senopati paring pangandikan.
    “Kakang Patih Wonosalam.”
    “Inggih sinuwun Prabu,”
    “Wis sawetara suwe aku ora weruh sowane Adipati Rangga Jumena.”
    “Sinuwun, paringana deduka ingkang kathah dhumateng kula. Pancen leres mekaten. Kula mireng saking telik sandi bilih Adipati Rangga Jumena punika sampun nglempakaken para adipati ing tlatah wetan kadosta Kediri, Malang, Sumenep, lan lintu-lintunipun. Sedaya sami makempal wonten Kadhipaten Madiun nyengkuyung Adipati Rangga Jumena anggenipun badhe brontak dhateng Mataram.”
    “Kok bisa ngono, Kakang Patih?”
    “Inggih Sinuwun, pramila nyumanggakaken kawicaksanan Ndalem.”
    “Kakang Wonosalam yen pancen bener aturmu, saiki uga siapna prajurit sacukupe saperlu nglurug menyang Kadhipaten Madiun. Aku dhewe sing bakal dadi cucuking prajurit.”
    “Sendika dhawuh, Sinuwun.”
    “Yowis bodholna pasowanan iki.”
    Kacariyos Adipati Rangga Jumena anggenipun nglempakaken para adipati ing brang wetan sampun sawetawis dangu. Awit rumaos mboten wonten bebaya saking Kraton Mataram, para adipati kathah ingkang sami kondur dhateng Kadhipatenipun piyambak-piyambak. Dumadaan tanpa dimangertosi, Panembahan Senopati lan wadya bala Mataram nglurug perang dhateng Madiun. Sinaosa mekaten Adipati Rangga Jumena mboten ajrih ngadhepi wadya bala saking Mataram. Adipati Rangga Jumena tandhing yudha kaliyan Panembahan Senopati siji klawan siji. Adipati Rangga Jumena mbeta piandel Keris Tundhung Madiun dene Panembahan Senopati uga ngandhalaken Tumbak Kyai Pleret ingkang sampun misuwur kadigdayanipun. Tumbak Kyai Pleret kasil katamakaken ing jajanipun Adipati Rangga Jumena. Sanalika jajanipun Adipati Rangga Jumena murub, Tumbak Kyai Pleret tan bisa nedhasi. Kaget penggalihipun Panembahan Senopati. Sanalika iku uga Panembahan Senopati oncat saking palagan lan ngundhuraken prajurit. Satemah bingung, kenging punapa Tumbak Kyai Pleret tan bisa nedhasi jajanipun Adipati Rangga Jumena. Panembahan Senapati, Patih Wonosalam lan sakabehing wadya bala ing Mataram sami kondur dhateng Mataram.

Pertanyaan Lainnya